Pages

Tuesday 22 March 2011

Harta Karun Minggu Legi

Jenengku Andhika, kelas telu sekolah dasar. Aku lagi seminggu pindah ana desa Samirono iki amarga Bapak pindah nyambut gawe ana desa kene. Nanging aku wis dhuwe kanca dolan, yaiku Catur, Angga, lan Fatur. Bocah telu iku uga kelas telu sekolah dasar lan uga kancaku sakelas.
Saben sore, aku lan kanca-kancaku asring dolanan bareng. Dolanane macem-macem, main pedang-pedangan, monopoli, balapan menek uwit, utawa pit-pitan mubeng ndesa. Asyik pokoke.
Sawijining dina, lagi enak-enak dolanan monopoli, Catur lan Fatur nesuan. Asale gojegan. Catur dipoyoki Fatur merga kalah terus dolanan monopoli. Omahe Catur meh entek kabeh kadol.
“Catur bangkrut! Catur bangkrut!” pocape Fatur moyoki kancane iku. Catur ngadeg karo malangkerik.
“Iso meneng ora kowe, Tur? Nek ora, daktendang lho!” tantange Catur. Fatur melu ngadeg karo mrengut. Ning Fatur ora ngomong apa-apa, cuman mandheng Catur ning siap mbales yen Catur beneran nendhang.
“Lha kok malah nesuan to ? Dakomonge Bu Rum lho, ben ora diundhang kendhuren maneh!” kandhane Angga melu ngadheg. Aku uga ngadheg meski ora mudheng apa-apa.
“Lha Fatur sing mulai nggawe gara-gara”, grundele Catur isih mrengut.
“Pancen kowe bangkrut kok. Biyasane kowe ya moyoki aku nek aku sing dodol omah!” balese Fatur ora gelem kalah.
Duk! Catur nendhang sikile Fatur. Fatur tiba nanging cepet ngadheg lan ganti mbales nendhang. Duk, duk! Catur nangis kelaran. Tendhangane Fatur pancen luwih rosa tinimbang Catur merga awake Fatur luwih gedhe. Aku bingung ora ngerti kudu piye. Dakdelok Angga mlayu nuju omah gedhe cet ijo. Aku melu mlayu nututi.
“Bu Rum! Bu Rum!” undhange Angga nalika wis ana plataran. Lawang dibukak saka njero. Aku kaget. Ibu Kepala Sekolah sekolahanku metu saka daleme. “Ana apa, Ngga?” ndangune sareh.
“Catur lan Fatur tendhang-tendhangan!” wadule Angga.
“Catur sing mulai, Bu”, kandhane Fatur. Aku lan Angga kaget. Fatur lan Catur sing isih prembik-prembik ternyata melu nyusul.
Bu Rum sing dadi Ibu Kepala Sekolah sing uga tanggaku iku ndemek pundhake Catur. “Nangise uwis, Tur. Catur wis gedhe lho, wis kelas telu. Mulane, nek dolanan ora ngganggo nesuan apamaneh tendhang-tendhangan.”
Bu Rum terus nuturi nek sikil iku gunane ora kanggo nendhang kancane, ning kanggo mlaku lan nyangga awak wektu ngadheg. Bocah sing senengane nendhang kancane, suwi-suwi bakal ora dhuwe kanca.
Sakwise iku, Bu Rum menehi permen bocah siji loro. Catur wis ora nangis maneh, ning isih sentrap-sentrup. Kancaku iku terus takon apa isih oleh melu kendhuren ana ndaleme Bu Rum.
“Catur lan Fatur isih iso melu kendhuren nanging ora pareng nesuan lan gelut maneh”, jawabe Bu Rum.
Catur lan Fatur manthuk-manthuk. Aku lan kanca-kancaku banjur bali dolanan maneh. Merga wis janji ora bakal nesuan maneh marang Bu Rum mau, aku sakanca dolanan gayeng sampek sore. Dakdelok, Fatur lan Catur uga uwis guyon biyasa kaya sakdurunge nesuan.
Aku lagi mudheng bab kendhuren sing diomongke kanca-kancaku wektu dina Minggu sesuke. Esuk iku Angga lan Catur mara menyang omahku. Kancaku iku uwis adus lan dandan nggantheng. Jare arep ana kendhuren ana ndaleme Bu Rum. Aku diajak mrono, sisan karon adhiku, Dini. Untunge aku lan Dini uga uwis adus resik dadi iso langsung mangkat bebarengan.
Sampek daleme Bu Rum, dakdelok wis akeh sandal-sandal cilik jejer-jejer rapi ana ngarep lawang. Uwis akeh bocah sing teka. Kabeh katon resik lan lagi asyik ndeleng film kartun karo nunggu kendhuren dimulai. Aku lan Dini lungguh ora adoh saka Angga karo Catur. Lagi sepisanan iku aku melu kendhuren. Biyasane sing kendhuren kan bapak-bapak.
Bu Rum metu saka pawon nggawa loyang gedhe isi maneka werna jajanan. Ana sing diwungkus godhong gedhang, plastik putih utawa kertas krep werna-werni. Katone enak-enak. Kabeh terus lungguh nggubengi loyang mau.
Bu Rum ndangu aku lan Dini kang nembe sepisanan melu. Terus takon marang bocah-bocah liyane sapa sing isih sering nakali kancane, seneng ngapusi, lan gomong saru. Kabeh bocah balapan njawab. Ora ana sing wedi masiya ana sekolahan, Bu Rum iku Kepsek. Nek ana bocah sing isih nakali kancani, seneng ngapusi apamaneh asring ngomong saru, Bu Rum terus nuturi akeh-akeh. Catur crita biyasane bocah-bocah kuwi terus manut lan dadi apikan merga pengen melu kendhuren terus. Aku muk manthuk-manthuk.
Sakwise iku, acarane kendhuren dimulai. Kenduren iku wujud rasa syukur lan kanggo menggeti klairane Pak Dwijo, garwane Bu Rum kang lair ing wulan jawa dina Minggu Legi. Kendhuren iku kanggo ndongakne garwane Bu Rum, ben rejekine lancar, ben terus diayomi Gusti, lan sing mesti ben iso kendhuren maneh wulan ngarep. Sakwise maca al-fatihah bareng-bareng, jajane banjur didum diwadhahi tas kresek cilik. Saben bocah oleh siji-siji sing iso dinggawa bali omah.
Aku rumangsa seneng. Kaya oleh harta karun rasane. Dakdeleng kabeh sing melu kendhuren uga ngguya-ngguyu. Ana omah, isine kresek dakbukak. Ana gethuk, wafer coklat, permen, cenil, roti biskuit, kacang atom, gedhang, lan manggis.
Aku surak seneng. Kabeh dhuweku lan ora kudu didum karo Dini kaya adate merga Dini uga oleh jajan kaya aku. Aku dadi ngerti nggopo kanca-kancaku padha wedhi nek ora diundhang kendhuren karo Bu Rum. Merga nek nakal, seneng ngapusi, apamaneh ngomong saru bakale ora enthuk harta karun Minggu Legi. 
(pernah dimuat di majalah Jaya Baya - surabaya)

No comments:

Post a Comment